
Gusti Kuwaos Mulihaken Kita
22 October 2022“Mangkono pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal mulihake kaanane tarub-tarube Yakub, lan melasi papan-papan panggonane; kutha iku bakal dibangun maneh ana ing sadhuwure jugrugane, lan kratone bakal ngadeg jejeg ana ing panggonane lawas.”
(Yeremia 30:18)
Tembung “pulih” punika kaginakaken kangge nggambaraken kawontenan dados sae malih kados saderengipun. Upaminipun pulih saking sakit ateges sampun saras malih. Kita mbetahaken pemulihan dadosa punika pamulihan magepokan prakawis kasarasan badan, ekonomi, kawontenaning brayat, utawi katentremaning gesang. Nalika kawontenan gesang nemahi momotan kadosta sakit ingkang boten gampil kasarasan, saged kemawon kita kecalan pangajeng-ajeng gayut pamulihan badan.
Kawontenanipun bangsa Israel kagambaraken sakit sanget. Dosanipun tiyang Israel ndhatengaken bebendu saking Gusti Allah. Bangsa Israel katelukaken dening bangsa Babil. Kitha Yerusalem lan Padaleman Suci kagempur, dene rakyatipun sami kabekta dhateng Babil minangka kawula (tawanan). Pambuwangan ing Babil ingkang dangu ndadosaken sirnanipun pangajeng-ajeng bilih Israel badhe pulih malih. Ananging, Gusti paring pangandika lumantar Nabi Yeremia bilih Panjenenganipun badhe mulihaken Israel. Tiyang ingkang taksih wonten ing pambuwangan badhe kapitulungan rahayu satemah saged wangsul mranata gesang ingkang langkung sae ing negarinipun piyambak. Gusti kuwaos nyarasaken sakitipun Israel ingkang sampun sanget. Gusti kuwaos ngluwari Israel saking kawontenan ingkang tanpa pangajeng-ajeng. Israel tinimbalan pitados lan mitadosaken pitulunganipun ing panguwaosipun Gusti.
Kados dene tiyang Israel, kita ugi saged nemahi kawontenan gesang ingkang awrat. Asring kita ugi ngraosaken pepesing pangajeng-ajeng. Pangandikanipun Gusti ngengetaken bilih kita nggadhahi Gusti ingkang Kuwaos mbabar pamulihan, badhea kados pundi kawontenanipun. Kita katimbalan supados tansah pitados lan mitadosaken pitulungan kita dhumateng Gusti. I*NIH
Sumber : Sabda Winedhar
Kategori : Renungan Harian | Tags : Renungan Harian Sabda Winedhar | Bagikan :